Sambatan Ngarit Pari

Wina Purwanto 10 November 2018 17:41:54 WIB

Sedulur ,kahanan Deso Puyung kang manggon ono puncuk gunung , lan lumayan adoh jarak tempuhe menyang kutho Kabupaten Trenggalek,  ora sithik sing ngarani Deso Puyung iku Deso Pelosok , pancen salah sawiji wilayah wewengkon Kecamatan Pule Iki yen arep lelungan menyang kutho Trenggalek kudu nempuh jarak kurang luwih 40 kilometer . Wargo masyarakat Deso Puyung yen lelungan akeh sing numpak sepeda motor. Awit fasilitas kendaraan umum kang lewat Desa Puyung arang banget,  sing rutin yo mung minibus sing di sopiri bapak Nani pawongan kan mijil soko Deso Manggis Kecamatan Panggul Kabupaten Trenggalek.

Awit kahanan kang koyo kasebut ono ing nduwur kuwi mau, sing nyebabne  uripe masyarakat Puyung isih kenthel banget nuansa perdesaane,  ning kene babagan tulung tinulung, sambatan , gotong royong,  kerja bakti ,kundangan kedurian lan sakpanunggalane isih gampang ditemukne nik kalangane masyarakat Deso Puyung . Ning attikel kepungkur admin wis tau mbahas sak thitik babagan sambatan. Koyo umume kahanan Deso -Deso sak kanan kirining Deso Puyung sambatan sakjroning masyarakat  biso maneko werno wujudte koyo tho sambatan dandan omah , nggawe omah, sambatan ngganco dangir,  usung-usung,  panen pari lan sak piturute .

Dino Iki sabtu (10-112018) admin arep nyritakne sak thitik  babagan sambatan ngarit pari.Panen pari petani ing Deso Puyung ora podo koyo dene  kahanane panen pari poro petani ing wilayah ngare ,yen tho poro petani ing daerah ngare nalikane musim panen pari teko bakalan marigawekne pawongan liyan kanggo ngurusi hasil panene, biasane pawongan mau bakalan nyambut gawe kanthi upah harian utowo bawonan.  Hananging nalikane musim panen pari ing Deso puyung teko, babagan penggarapane biasane bakalan disambut kanthi coro gotong royong utowo sambatan. Sakjroning sambatan kuwi mau tonggo teparo sanak mitro lanang wadon podo iyeg mlumlumpuk ono ing sawahe salah sijine warga kang lagi panen. Kahanan Iki disebabne sakliyane saking guyube kahanan ono ing Deso, sebab sawah olahane masyarakat Deso Puyung luwih ciwut dibandingne karo  persawahane masyarakat kang manggon ono ngare. 

Koyo dene dino Iki mau , wargo masyarakat sing manggon ono sak kanan kirining ndonomerto RT 05 podo mlumpuk ono ing sawahe mas Budi Wiyono kang manggon ono ing persawahan ngringin , wetoro jam pitu isuk poro wargo wis podo mlumpuk ono ing sawah,  ning kono wargo podo andum kesibukan dewe dewe,  ono sing ngarit ,ono sing usung -usung lan ugo ono sing nggerek utowo ngronthokne woh pari. Koyo pengalaman sing admin alami, swasono sambatan kui nyenengne ati , sinambi nyambut gawe poro wargo biso gegojekan, tukar kaweruh karo wargo liyane. Opo maneh yen teko wayahe dedaharan bareng, roso nikmate dedaharan biso mathikel tinimbang biasa , Kedadehan Iki mungkin disebabne kahanan dedaharan kang seje suasana tinimbang biasabiasane,  yen biasabiasane poro wargo dahar nik ngomahe dewe dewe, hananging naliko sambatan wargo biso dedaharan bareng ono ing alam terbuka sinambi mirsani pemandangan wujud keagungane Gusti .

Sakjroning sambatan ngarit pari sak liyane melu ngenthengne bebabebane sanak mitro kang lagi panen ,ugo biso menehi manfaat sing luar biasa kanggone poro wargo kang nduweni open open khewan sapi. Biasane damen pari kang wus di herek bakalan diparingke sopo wae sing gelem tur sing nduwe ingon ingon sapi. Koyo dene admin dewe, sakwise admin melok sambatan ngarit pari ono ing sawahe mas Budi Wiyono ning sawah ngringin, admin nduwe cadangan pakan sapi kang biso nyukupi nganti sepasar suwene. 

 Panen pari ono ing sawahe mas Budi Wiyono Iki kagolongake apik tinimbang nggone wargo liyane kang wis panen luwih disik, sakliyane persawahan ngringin kang banyune meh nyukupi nganti tumekane mongso rendeng, miturut mbah Misni mungkin disebabne ugo anggone njebul parine mas Budi iki liwat mongso lintang bedug yoiku sak kanan kirine wulan Oktober coro itungan wulan masehine.

Komentar atas Sambatan Ngarit Pari

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Komentar
 

Layanan Mandiri


Silakan datang / hubungi perangkat Desa untuk mendapatkan kode PIN Anda.

Masukkan NIK dan PIN!

Komentar Terkini

Media Sosial

FacebookTwitterGoogle PlussYoutubeInstagram

Statistik Kunjungan

Hari ini
Kemarin
Jumlah pengunjung

Lokasi Puyung

tampilkan dalam peta lebih besar