Tradisi Maleman 29 Warga Desa Puyung, Ngalap Berkah Lailatul Qadar ing Pungkasan Ramadhan
Wina Purwanto 18 Maret 2026 17:34:58 WIB
Trenggalek, 18 Maret 2026 –Wulan suci Ramadhan sampun meh pungkasan. Wonten ing sonten menika, umat Islam mlebet ing malem kaping 29, ingkang dados salah satunggaling malem istimewa ing pungkasaning wulan Ramadhan. Kados ugi wonten ing Desa Puyung, Kecamatan Pule, Kabupaten Trenggalek, suasana religius katingal sanget krasa, mliginipun kangge warga ingkang mayoritas ndherek paham Ahlussunnah wal Jamaah Nahdlatul Ulama.
Maleman kaping 29 punika sampun dados tradhisi turun-temurun ing masyarakat. Warga kanthi guyub rukun nindakaken maneka kegiatan keagamaan minangka wujud rasa syukur lan pangajab nggayuh berkah Lailatul Qadar. Wonten ing masjid-masjid lan mushola, sakwise nindakaken salat tarawih, warga nglajengaken kanthi acara tasyakuran. Saben warga mbeta sekul, lawuh, kue apem, lan ugi jajanan tradisional sanesipun kangge dipundamel ambengan lan dipundongaaken sesarengan.
Saksampunipun tasyakuran paripurna, kegiatan dipun lanjutaken kanthi tadarus Al-Qur’an, minangka wujud nambah iman lan takwa wonten ing pungkasaning wulan Ramadhan. Suasana tentrem lan khusyuk katingal cetha, swanten ayat-ayat suci Al-Qur’an nggema ing saben pojok desa, nambah kekhidmatan ing malem ingkang kebak berkah menika.
Kajawi dipun laksanakaaken wonten ing masjid, tradhisi maleman 29 ugi asring katindakaken wonten ing dalemipun para pinisepuh utawi sesepuh desa. Ing ngriku, warga sami makempsl kanthi dipun suguhi ambengan ingkang langkung lengkap, kados ladha ayam kampung, sega gurih, apem conthong godhong nangka, lan maneka warna ubo rampe sanesipun ingkang dados ciri khas tradhisi menika. Kabeh panganan menika boten namung dados simbol kerukunan, nanging ugi ngemot makna rasa syukur lan pangajab dhumateng berkah saking Gusti Allah SWT.
Miturut salah satunggaling warga, tradhisi menika boten namung minangka wujud ibadah, nanging ugi minangka sarana ngiyataken tali silaturahmi antar warga. “Saben taun mesthi wonten, menika sampun dados adat. Saliyane ngibadah, ugi damel warga saya rukun lan guyub,” ujare.
Tradisi menika boten namung njaga warisan budaya leluhur, nanging ugi ngiyataken tali silaturahmi antar warga. Guyub rukun, gotong royong, lan rasa kebersamaan saya katingal cetha lumantar kegiatan menika.
Sedaya ingkang katindakaken dening warga Desa Puyung punika boten sanes namung kangge ngalap berkah Lailatul Qadar, malem ingkang langkung mulya tinimbang sewu wulan. Kanthi pangajab, mugi-mugi sedaya amal ibadah ing wulan Ramadhan taun menika saged dipuntampi dening Gusti Allah SWT, lan sedaya warga tansah dipun paringi berkah, katentreman, saha kabegjan ing gesangipun.
Komentar atas Tradisi Maleman 29 Warga Desa Puyung, Ngalap Berkah Lailatul Qadar ing Pungkasan Ramadhan
Formulir Penulisan Komentar
Layanan Mandiri
Silakan datang / hubungi perangkat Desa untuk mendapatkan kode PIN Anda.
Masukkan NIK dan PIN!
Komentar Terkini
Statistik Kunjungan
| Hari ini | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
| Kemarin | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
| Jumlah pengunjung | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
- Tradisi Maleman 29 Warga Desa Puyung, Ngalap Berkah Lailatul Qadar ing Pungkasan Ramadhan
- Pengumuman Libur dan Penyesuaian Pelayanan Kantor Desa Puyung Jelang Nyepi dan Idul Fitri 1447 H
- Harga Porang di Desa Puyung Tembus Rp11.800 per Kilogram, Petani Mulai Rasakan Angin Segar
- Petani Empon-Empon Desa Puyung Resah, Tanaman Jahe Mengalami Kerusakan dan Dorman Sebelum Waktunya
- Semangat Petani Porang di Desa Puyung Kembali Tumbuh Seiring Kabar Harga Menguat
- Jaga Imunitas Generasi Penerus, Desa Puyung Gelar Imunisasi Rutin Balita
- Tradisi Maleman ing Desa Puyung, Wujud Ngalap Berkah Lailatul Qadar













